Tuesday, September 23, 2014

Geguritan Bahasa Jawa "Tangi Saka Alam Pangimpen" | Sutardi MS Dihardjo


Tangi Saka Alam Pangimpen
Sutardi MS Dihardjo

Rasa keduwung
Jroning ati krasa suwung
Aneh! Jroning pangimpen
Jejer-jejer ing pendhapa
Aku kaya entuk timbalan
Cetha diumumake jenengku jabatanku
Nanging atiku ora bungah
Getun malah
Sing tak rasa

Promosi sing dhisik
Aku ora njaluk
Ora tuku ora ngindhen
Amung ngaturi syukuran
Kaya sing disuwun
Sok ngonoa ana wae pepeling
Kanthi alus carane Gusti
Supaya eling
Marang sumpah janji

Nanging geneya saiki ngerti-ngerti
Aku ditimbali promosi
Kapan aku maju nyang-nyangan
Kamangka aku wis janji jroning ati
Ora bakal mrakosa ati
Tuku amanah adol ajining dhiri
Ngganti pasuwitan karo petungan
Untung rugi

Byar...!
Rasa lega syukur alhamdulillah
Nalika kesadaran wiwit kagugah
Tangi saka petenge pedhut alam pangimpen
Mecaki gumelare kasunyatan padinan
Mbarengi mbukake netra mapak sunaring surya
Lan ati kang saya mantep saya cetha
Nyawang panguripan
Nggelar sakehing pilihan


Anda sedang membaca kumpulan/contoh/artikel/puisi/sajak/pantun/syair/tentang/tema/bertema/judul/berjudul Geguritan Bahasa Jawa "Tangi Saka Alam Pangimpen" | Sutardi MS Dihardjo dan anda bisa menemukan kumpulan/contoh/artikel/puisi/sajak/pantun/syair/tentang/tema/bertema/judul/berjudul Geguritan Bahasa Jawa "Tangi Saka Alam Pangimpen" | Sutardi MS Dihardjo ini dengan url http://kumpulankaryapuisi.blogspot.com/2014/09/geguritan-bahasa-jawa-tangi-saka-alam.html,anda juga bisa meng-click kumpulan/contoh/artikel/puisi/sajak/pantun/syair/tentang/tema/bertema/judul/berjudul Geguritan Bahasa Jawa "Tangi Saka Alam Pangimpen" | Sutardi MS Dihardjo Tetapi dilarang merubah isi maupun mengganti nama penyair/pengarang nya karena bertentangan dengan HAKI, semoga anda ter-inspirasi dengan karya Geguritan Bahasa Jawa "Tangi Saka Alam Pangimpen" | Sutardi MS Dihardjo salam Karya Puisi

0 komentar:

Post a Comment

 

kumpulan karya Puisi | Copyright 2010 - 2016 Kumpulan Karya Puisi |