Saturday, September 20, 2014

Lindhu Gedhe | Geguritan Sutardi MS Dihardjo


LINDHU GEDHE
Sutardi MS Dihardjo

Pepeling saka Klaten & Yogya sawise
Prastawa lindhu gedhe  27  Mei  2006

Bumi gonjang-ganjing
ngeplekake pekarangan omah saisine
rubuh remuk kabeh kabanting
apa maneh kang sisa
panalangsa, sambat ngaruara
lindhu gedhe gawe geter
nggulung panguripan nyumpet pengarep-arep

Bumi  goyang, nglongsor pereng  njugrug gunung
aweh sasmita menawa Gusti ora sare
panguwasane ngregem jagad saisine
bumi gonjang-ganjing aweh piweling
aja kumalungkung adigang adigung adiguna
dupeh kuwasa sugih donya sugih brana
sugih kadang sugih mitra kuwasa
aja umuk
omah tingkat sundhul langit
otote  tembok wesi sakdriji-driji
kinupeng pager mubeng sarwa cukup samubarang
ora butuh tangga ora butuh kanca
dijaga asu-asu gedhe galak keliwat

Ing sakurepe langit salumahe bumi
Gusti nggelar panguwasa
nabuh kendhang ninthingi gembolaning ati
mentese iman lan taqwa
mubeng muyek den interi
arep dirungu sambat apa nggresula
tobat apa ngujat

Coba anguken, ing rengkane bantala
tilingana kanthi permati,
ing saselane benthete bumi
                              takokna ing lemah bengkah
musibah iki apa isih ana tunggale
tutuge mbok menawa
sapa ngerti mengko tiba gilir
nggulung palenggahanmu
njongkeng kawibawanmu

Mula  aja padha padudon
regejegan dha rebutan
ndaku-ndaku sing dudu duweke
dudu hake
apa maneh dhedhelikan
slinthutan mburu untunge dhewe
Gusti wis ngerti sakabehe
mula ndang balekna
wenehna mring sing hak
tobat age-age katindakna
aja ngecakke aji mumpung
nadyan lagi kesampiran panguwasa
wenang andum wenang mbagi, nyeleksi
lan nyeseli
elinga
kuwi amanah kabeh bakal dietung
kabeh bakal dijaluki tanggung jawab
mbesuk ing ngarsane Gusti
nalika teka dina hisab

Elinga nalika
prahara teka sambat apa
kabeh wis cetha
geneya saiki cidra

Klaten Selatan, 2007


Anda sedang membaca kumpulan/contoh/artikel/puisi/sajak/pantun/syair/tentang/tema/bertema/judul/berjudul Lindhu Gedhe | Geguritan Sutardi MS Dihardjo dan anda bisa menemukan kumpulan/contoh/artikel/puisi/sajak/pantun/syair/tentang/tema/bertema/judul/berjudul Lindhu Gedhe | Geguritan Sutardi MS Dihardjo ini dengan url http://kumpulankaryapuisi.blogspot.com/2014/09/lindhu-gedhe-geguritan-sutardi-ms.html,anda juga bisa meng-click kumpulan/contoh/artikel/puisi/sajak/pantun/syair/tentang/tema/bertema/judul/berjudul Lindhu Gedhe | Geguritan Sutardi MS Dihardjo Tetapi dilarang merubah isi maupun mengganti nama penyair/pengarang nya karena bertentangan dengan HAKI, semoga anda ter-inspirasi dengan karya Lindhu Gedhe | Geguritan Sutardi MS Dihardjo salam Karya Puisi

0 komentar:

Post a Comment

 

kumpulan karya Puisi | Copyright 2010 - 2016 Kumpulan Karya Puisi |